FATHERS LOVE LETTER .COM
  • Home
  • About
    • About
    • Contact
    • Copyright
    • Donate
    • FAQ
    • Our Vision
    • Our Websites
    • Privacy Policy
    • Terms of use
    • The Story
    • What We Believe
  • Media Formats
    • Media Center
    • HD Video
    • 25th Anniversary Video
    • Vertical Video
    • Video History
    • Stores
    • Text
    • Audio
    • Kids FLL
  • Languages
  • God and You
  • FLL Book
    • Devotional Index
    • Free Audiobook
    • Free eBook

Javanese
Father's Love Letter

The Javanese Father's Love Letter is currently available
in the following formats:
1. An A4 - 2 page PDF
2. An 8 1/2" x 11" - 2 page PDF
3. An audio MP3 file narration
4. A video MP4 narration
5. An instrumental video version
6. An unformatted online text version
(Please feel free to copy the Javanese text and design your own version).

Javanese Father's Love Letter PDF Text Files

*Important Notice when printing:
When printing pdfs, make sure you set the 'page scaling' option to 'none in your printer settings '.
Picture
Javanese Father's Love Letter A4 PDF (2 pages)
Right click to download / Left click to view online
DOWNLOAD javanese FLL A4 PDF
Picture
Javanese Father's Love Letter 8.5 x 11 PDF (2 pages)
Right click to download / Left click to view online
DOWNLOAD javanese FLL 8.5 x 11 PDF

Javanese Father's Love Love Letter Audio Narration

Picture

Download The Javanese Father's Love Letter Audio Narration

File size - 7 MB
Recording length - 7:48 minutes
download javanese fll mp3 audio file

Javanese Father's Love Letter Narration Video

Facebook Posts
Download The Javanese Father's Love Letter Narration Video
File Size: 75 MB - File Format - MP4 - Video length: 7:49 minutes
download javanese father's love letter video

Javanese Father's Love Letter Instrumental Video

Video Courtesy of Nico Boyadjian

Javanese Father's Love Letter
Layang Sih Katresnan, Saka Teleng Manahe Sang Rama Kaswargan
Rasakna Katresnan sing pada digoleki ing sak uruting uripmu

Anak-Ku…

Mbok menawa sliramu ora tepung marang Ingsun,
ananging Ingsun mangerti samubarang kabeh bab sliramu
Jabur 139:1

Ingsun tansah nyumurupi,
nalikane sliramu lagi ngadek apa lagi lungguhan
Jabur 139:2

Ingsun nyumurupi sak kabehing lakuning uripmu
Jabur 139:3

Nganti Ingsun mangerteni sepira cacahe rambut ing sirahmu
Mateus 10:29 -31

Awit sliramu katitahake ing sakjroning gambar lan rupa-Ku
Purwaning Dumadi 1:26 -27

Ing sakjroning urip-Ku, sliramu bisa urip, obah, lan ana
Lelakone Para Rasul 17:28

Awit sliramu iku tedhak- turunku
Lelakone Para Rasul 17:28

Ingsun wus nyumurupi sliramu saka wiwit - wiwitan mula,
sak durunge sliramu ana ing guwa garba
Yeremia 1:4-5

Ingsun wus miji sliramu, saka wiwit-wiwitaning mangsa,
sak durunge Ingsun ngripta samubarang kabeh
Efesus 1:11 -12

Sliramu ana lan karipta, dudu awit saka kaluputan,
ananging dina-dinane uripmu wus sinerat ing sajroning kitab-Ku
Jabur 139: 15-16

Ingsun wus netepake wektu kang pas tumrap kelahiran mu,
lan uga ing ngendi bakal papan dununge uripmu
Lelakone Para Rasul 17:26

Tumitahmu kanthi cara kang ngedap-edapi
Jabur 139:14

Awit Ingsun kang ngrajud sliramu ing
sakjeroning guwa garbane ibumu
Jabur 139:13

Lan nglairake sliramu ing dina kang
wus ditetepake kanggo kelairanmu
Jabur 71:6

Kala mangsane Ingsun padha ora dimangerteni,
dening para manungsa kang orang tepung marang Ingsun
Yokanan 8:41-44

Ingsun ora ana ing papan-papan kang adoh, lan Ingsun ora lagi nepsu,
ananging Ingsun iki sih katresnan kang sampurna
1 Yokanan 4:16

Lan wus dadi kepenginan-Ku kanggo maringake
sih katresnan-Ku marang sliramu
I Yokanan 3:1

Kabeh kuwi mau amarga Ingsun iki
Ramamu lan sliramu anak-Ku
I Yokanan 3:1

Ingsun bisa peparing linuwih marang sliramu, tinimbang karo apa kang bisa
diparingake dening ramamu kang ana ing donya
Mateus 7:11

Awit Ingsun iki Rama-mu kang ana ing suwarga,
kang sampurna
Mateus 5:48

Saka Astaning Sun, sliramu mesti nampa peparing kang becik,
sarta sih rakhmat kang sampurna
Yakobus 1:17

Awit iya Ingsun iku pamongmu, saha Ingsun kang nyawisake
lan nyukupi sakehing kabutuhanmu
Mateus 6:31-33

Rancangan kang Ingsun paringake marang sliramu yaiku
rancangan kang nuwuhake tentrem rahayu lan dina-dina
kang kebak ing pengarep-arep
Yeremia 29:11

Amarga Ingsun iki nresnani sliramu
kanthi katresnan kang langgeng
Yeremia 31:3

Anggonku mikirake sliramu nganti ora kaduga,
kaya dene cacahing pasir ing pesisiran
Jabur 139:17-18

Kanthi kabungahan lan surak-surak,
Ingsun tansah bombong marang sliramu
Zefanya 3:17

Ingsun ora nate mandeg nindakake kabecikan marang sliramu
Yeremia 32:40

Awit sliramu iku bandha kang tansah Sun tresnani
Pangentasan 19:5

Ingsun tansah kepengin nyantosakake
sliramu kanthi gumolonging manah lan nyawa-Ku
Yeremia 32:41

Ingsun bakal nedahake marang sliramu
prakara-prakara kang gedhe lan ngerm-eramake
Yeremia 33:3

Menawa sliramu nggoleki Ingsun kanthi gumolonge manah,
sliramu mesthi bakal nemokake Ingsun
Pangandharing Toret 4:29

Bebungaha awit saka Asmaning Sun,
sliramu mesthi antuk apa kang dadi pepenginaning atimu
Jabur 37:4

Awit iya Ingsun iku kang bakal
nindakake sakabehing kekarepanmu iku
Filipi 2:13

Ingsun iki sanggup nindakake
linangkung saka kang pada kok pikirake
Efesus 3:20

Awit iya Ingsun kang paring kanugrahan
panglipur langgeng kanggo sliramu
II Tesalonika 2: 16 -17

Ingsun uga minangka Rama, kang tansah
nggatekake sakehing pasambatmu
II Korinta 1:3-4

Nalikane remuk atimu, Ingsun tansah ana ing sisihmu
Jabur 34:19

Kaya dene pangon kang angon mendane,
Ingsun nggowo sliramu caket ing manahKu
Yesaya 40:11

Ing titi wancine,
Ingsun bakal ngusapi sakehing luh kang tumetes saka mripatmu
Wahyu 21:3-4

Ingsun uga bakal ngluwari sakehing kasusahan sing pada kok
alami ing salumahing bumi
Wahyu 21:3-4

Ingsun iki Ramamu, lan Ingsun nresnani sliramu kaya anggoningSun
nresnani marang Putraku Yesus
Yokanan 17:23

Awit ana ing Sang Kristus tresnaku kasunyatan
Yokanan 17:26

Iya Panjenengane iku abdi wujuding kasunyatanKu
Ibrani 1:3

Panjenengane rawuh kanggo mratelakake menawa Ingsun ana ing pihakmu,
lan ora kanggo mungsuhi sliramu
Rum 8:31

Saha kanggo mratelakake menawa ingsun iki
ora metungake sakehing panerakmu
II Korinta 5:18 -19

Yesus seda supaya sliramu kawanuhake marang Ingsun
II Korinta 5:18 -19

Sedane minangka bukti nyata kang paling gedhe,
saka katresnan Ku marang sliramu
1 Yokanan 4:10

Ingsun wus masrahake sakehing perangan
kang dak tresnani kanggo sliramu,
supaya Ingsun oleh katresnanmu
Rum 8:31-32

Yen sliramu gelem nampa sih rakhmat Anak-Ku Yesus,
ateges sliramu uga nampani Ingsun
1 Yokanan 2:23

Lan ora ana maneh kang bakal bisa misahake
sliramu saka ing katresnanKu
Rum 8:38-39

Padha balia maneh marang Ingsun,
awit Ingsun bakal nganakake pesta agung kang ana ing suwarga
Lukas 15:7

Ing salawase Ingsun iki Rama,
lan ing salawas-lawase Ingsun uga tetep Rama
Efesus 3:14-15

Sakiki pitakonKu….
"Apa sliramu gelem dadi anak- Ku…/?"
Yokanan 1:12 -13

Ingsun tansah ngenteni sliramu
Lukas 15:11-32

Sih Katresnan-Ku kanggo sliramu,
Ramamu,
Allah kang Maha Kwasa
ACKNOWLEDGEMENTS / PERMISSION:
Special thanks to CBN Indonesia for producing the Javanese Father's Love Letter audio and video narration. Please feel free to copy and share all of the resources on this page as long as you do so free of charge.

About Us

About
The Story
Copyright

Get Involved

FAQ
Terms of Use
Our Websites

Connect

Contact
Privacy Policy
Donate
© COPYRIGHT 2025. ALL RIGHTS RESERVED.
  • Home
  • About
    • About
    • Contact
    • Copyright
    • Donate
    • FAQ
    • Our Vision
    • Our Websites
    • Privacy Policy
    • Terms of use
    • The Story
    • What We Believe
  • Media Formats
    • Media Center
    • HD Video
    • 25th Anniversary Video
    • Vertical Video
    • Video History
    • Stores
    • Text
    • Audio
    • Kids FLL
  • Languages
  • God and You
  • FLL Book
    • Devotional Index
    • Free Audiobook
    • Free eBook